Pengertian dan Contoh Pawarta Tegese Pawarta Jawa

Pengertian dan Contoh Pawarta Tegese Pawarta Jawa

Pengertian dan Contoh Pawarta Tegese Pawarta Jawa. Apakah pawarta itu, bagaimana contoh pawarta. Karena ini pelajaran bahasa jawa maka penjelasan selanjutnya pakai basa jawa saja ya, hehehe.. Tegese Pawarta lan tuladhane.

Pawarta yaiku katrangan kang bisa menehi pangerten ngenani sawijining kahanan. Wujud pawarta: lesan lan tulisan-

  • Lesan: bisa digiyarake lumantar radio, TV, utawa diwaca lugas.
  • Tulisan: lumrahe kapacak ana ing ariwarti, kalawarti, lsp.

Pawarta kang kagiyarake maneka warna, mula saka iku pamigati pawarta becike nlesih kanthi patitis marang pawarta iku mau. Ora sethithik kabar kang luwih nengenake rumor utawa kabar kang durung karuwan benere. Uga akeh kabar kang isine milut kawigaten (promosi).

Pengertian dan Contoh Pawarta Tegese Pawarta Jawa

Kosok baline ora sethithik uga pawarta wigati kang bias katemokake ing medhia massa. Dadi, pamigati kudu prigel milih lan milah pawarta kang diperlokake.

Tuladha pawarta:

Sugeng siyang pamirsa. Kula Indra Birawa badhe maosaken pawarta dinten menika wonten ing Warta Kilat.

Embung Unnes sakmenika sampun dados panggenan ingkang dipunengsemi tukang mancing saha mahasiswa Unnes. Embung ingkang wiyaripun setunggal lapangan bal-balan menika, menawi sonten kebak dening tiyang ingkang badhe mincing amargi sampun dipunuculaken kalih dasa ewu winih iwak mujaer dening pihak Unnes. Sahengga embung kathah dening iwak sakaliyan tiyang ingkang badhe mancing wonten mrika.

Humas Unnes, Sucipto Hadi Purnomo ngendikan, babagan embung sakmenika pancen leres sampun dipundamel kagem panggenan rekreasi. Pandamelan embung sakmenika inggih salah setunggaling program Unnes konservasi ingkang sampun nelasaken ragat nematus wolung dasa pitu juta sewidak ewu rupiah.

Miturut pembantu pelaksana proyek saking CV Duta Muda indah, Slamet Widodo, embung dipundhamel kangge madahi toya wonten unnes saenggo boten banjir rikala mangsa udan. Proyekipun wonten seket dinten ingkang sakmenika dipungarap gangsal welas tiyang dipunbiyantu eksavator, buldoser kaliyan vibro.

Pawarta minangka prastawa kang diwartakake. Pawarta iku bisa arupa lesan apadene tulisan. Lesan ateges pawarta iku bisa diwartakake dening wong liya kanggo pamiyarsa lumantar swara. Tulisan pawarta iku lumrahe kapacak ana ariwarti, kalawarti. Perangan kang nemtokake bobot biji pawarta yaiku

1. Aktualitas
2. Sesambungan karo papan kedadean
3. Sesambungan karo unsur-unsur kang ketut ing sakjrone kedadean
4. Sesambungan karo pagaweyan pamaca/ pamiyarsa
5. Ganepe Pawarta.

Saya akeh gunane pawarta kuwi tumrap pawongan, saya mundhak dhuwur biji pawarta kuwi tumrap dheweke.

Para siswa kang kulina ngrungokake pawarta basa jawa mesthine bisa tambah wawasan lan pangertene marang ukara basa jawa. Kang perlu digatekake nalika ngrungokake pawarta utawa informasi yaiku:

a. mangerteni kanthi cetha masalah kang disampekake
b. mbedakake informasi kang penting lan ora penting
c. nyathet informasi sing bener lan premathi

Sak bubare para siswa ngrungokake pawarta diajab para siswa bisa gawe simpulan saka pawarta kang disemak. kesimpulan yaiku rumusan cerkak saka loro utawa luwih pernyataan kang handuweni hubungan. Nyimpulake pawarta berarti nanggepi pernyataan-pernyataan ana ing pawarta. Nalika menehi tanggepan sampeyan bisa ngutarake setuju utawa ora setuju marang pawarta kang nembe dirungokake.

Bab-Bab kang kudu digatekake nalika menehi tanggapan yaiku:

1. Tanggapan iku sak mestine disampekake mawa uraian kang cekak, padhat lan disusun kanthi apik.
2. Permasalaham utawa bab kang ditanggapi kudu cetha
3. Tembung-tembung lan ukara sing digunakake kudu gampang dingerteni utawa dipahami
4. Tanggapan iku kudu diwenehi alesan kang logis, bisa uga ditambahi fakta lan bukti-bukti kang relevan (nduweni Hubungan)

Nanggepi pawarta iku kudu evaluatif lan objektif. Evaluatif tegese menehi penilaian, objektif tegese pawarta kang ditampa kanthi apa anane.

Sumber:
https://ian43.wordpress.com/2011/06/19/tegese-pawarta/